Nguru-uri seni Karawitan

Sugeng pepanggihan wonten ing blog kula punika.
Ngendikanipun para winasis seni Karawitan Jawi punika kesenian  ingkang  adi luhung kebak pitutur ngaluhur lan pangajak mring gesang utami. Nadyan sampun ngancik ing jaman milenium kaping 3 ing Karaton Ngayogyakarta Hadiningrat tuwin ing Karaton  Surakarta Hadiningrat  taksik dipun adani uyon-uyon. Nanging dupi mulat ing pradesan ingkang tebih saking kitha seni karawitan sampun meh kentir dening obyaking jaman kemajengan lan katlindhes dening gebyaring tontonan sanes. Mila sambet kalayan punika saha  murih lestari seni Karawitan, wonten ing blog ingkang climen punika badhe kapacak prakawis ingkang wonten sambung rapetipun kaliyan Karawitan.
Nyuwun pangestu dhateng Para sesepuh dalah para Pepundhen mugi Karawitan tetep lestari lang ngrembaka.
Nuwun.
Selamat berjumpa di Blog saya ini.
Menurut pakar seni dan para ahli Seni Karawitan adalah kesenian yang mempunyai sentuhan nilai yang amat tinggi, karena di sana tersirat pesan moral yang mengajak dalam kehidupan yang utama.Walaupun dunia masuk pada milenium ke-3   kini seni Karawitan ini masih terdengar nyaring di Kraton Yogyakarta dan Kraton Surakarta. Namun secara kasat mata di daerah pedesaan yang jauh dari pusat budaya ini seni Karawitan nyaris tergilas oleh roda kemajuan serta terhempas oleh seni-seni lain. Karena itulah melalui blog ini akan  ditampilkan hal-hal yang berhubungan dengan seni Karawitan Jawa. Dikandung maksud agar seni Karawitan ini tetap lestari dan berkembang.
Mohon Doa restu.
Terima kasih
Kempul
Kapethik  saking www.Ki Demang Soko waten

GLADHEN SENI KARAWITAN
Sukir ( Pelatih Karawitan Kabupaten)
Prakawis ingkang wonten sambung rapetipun menawi gladhen Seni Karawitan inggih punika  kedah priksa :
1.Sepinten caching pangrawit( personil)
2.Priksa nama-nama ricikan gamelan
3.Cekaan  tembung lan pralambang
3.Priksa paugeran ing seni karawitan

Cacahing Pangrawit (personil)
1. Penggerong sekedhikipun  gangsal tiyang
2. Pangrawit sekedhikipun 10 tiyang ( gladhen tataran dhasar)

 Nama ricikan Gamelan
1.Kendhang
2.Gambang
3.Gender Barung
4.Gender Penerus
5.Bonang Barung
6.Bonang Penerus
7.Demung
8.Saron 1
9.Saron 2
10 Peking
11 Slenthem
12.Kenong
13.Kethuk Kempyang
14.Kempul
15.Gong
16.Rebab
17.Siter
18.Suling
Ket :
1. Gambar ricikan saged penjenengan priksani  wonten ing www.Ki demang soko waten
2.Adakanipun menawi gladhen tataran dasar ricikan  Gender,Gambang, Rebab, Suling dereng  dipun sinaoni


Cekakan tembung lan Pralambang ingkang wonten ing notasi Karawitan.
Cekakan(singkatan)
1.Bk      = buka
2.Wa     = wangsul a ( kembali a)
3. n        = kenong
4. p        = kempul
5. y        = kempyang
6. t         = kethuk
7.seseg   = radi cepet(agak cepat)
Lambang ingkang wonten ing karawitan
0(lingkaran)           = gong
segitiga                  = gong suwukan/ barang


Paugeran
 Meh saben ricikan gamelan nggadhahi paugeran cara panabuhipun.
Tuladha:
BONANG
Ricikan  bonang ( B Barung+B.Penerus) punika wonten sekawan cara nabuhipun
1. sinebat gembyangan(kalih not nunggil laras katabuh sareng)

2. sinebat pipilan (mipil ngrumiyini)
3. imbal (imbal engkuk lan imbal dhawah)
4. sekaran( gimantung dhawah)
    Dhawah setunggal,dhawah kalih,tiga lan sapiturutipun

LATIHAN SENI KARAWITAN
Sumber : Sukir ( Pelatih Karawitan Kabupaten Wonosobo)
Ditulis oleh Syukur Hadi Sutrisno.
Hal yang terkait dengan Seni Karawitan jika kita akan latihan adalah
1.Banyak personil yang dibutuhkan dalam latihan itu.
2.Mengetahui nama masing masing instrumen
3.Kosa kata dan seingkatan  dalm seni karawitan
4. Mengetahui aturan main

A. Banyak personil yang dibutuhkan
     Banyak personil untuk latihan dasar minimal 10 orang (penabuh) dan 5 orang penggerong

B Nama Ricikan Gamelan
1.Kendhang
2.Gambang
3.Gender Barung
4.Gender Penerus
5.Bonang Barung
6.Bonang Penerus
7.Demung
8.Saron 1
9.Saron 2
10 Peking
11 Slenthem
12.Kenong
13.Kethuk Kempyang
14.Kempul
15.Gong
16.Rebab
17.Siter
18.Suling
Keterangan :
Gambar ricikan gamelan seperti tersurat di atas bisa dilihat pada situs www.ki demang soko waten.
Biasanya pada latihan tingkat dasar Gambang , gender, rebab, suling belum dipelajari.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar