Selasa, 11 Februari 2014

TANGGAP WACANA BOYONG PENGANTEN

TULADHA TANGTAP WACANA
MUNDHUT PENGANTEN
(kaboyong dhateng kulawarga Peganten Kakung)

ASSALAMU ‘ALAIKUM W.W
Bismillah hirrohma nirrokhiiim, Alhamdulillah hirobbil’alamin, assolatu wasalamu  ‘ala asrofil  ambyaki warmursalin wa’ala alihi wasah bihi ajmangin. AshaduAllah Illaha Illah wa ashadu Anna Muhammadan ‘abduhu warosulluh. Qalallahu ta’ala fil quranil adzim  a’udzubillah himinas syaetonirjiim. Lain syakartum  la azidannakum, wala ink kafartum inna ‘adzabi lasyadid. Amma ba’du


Para sesepuh dalah para pinisepuh ingkang pana ing pamawas saha lebda ing pitutur  miwah  pantes pinundhi pundhi dening putra wayah. Ingkang tuhu kinurmat.

Para kyai, para alim ulama saha para  winasis ing babagan agami ingkang hanggung nggegulang kitab suci wahyuning Illah ingkang  kinurmatan.

Bapa Kepala Desa dalah jonjang rawatipun  minangka pandam pandoming kawula dasih ingkang pantes sinugata saguninging pakurmatan.

Boten supe  dhumateng Bapa ……………………….sarimbit sumrambah .dhateng  kulawarga ingkang kula urmati

Lan katur para rawuh kakung miwah putri sedaya kemawon tanpa kapiji setunggal mbaka setunggal ingkang kuka urmati.

Nyambet kaliyan surat Ibrahim  ayat 7 ingkang sampun kula waos ing ngajeng kala wau mila  mangga kula lan panjenengan sami atur puja puji tasayakur konjuk wonten ngersa Dalem Allah SWT ingkang sampun paring sakathahing kanikmatan, karokhmatan dalah kalodhangan satemah wonten ri kalenggahan punika kula lan panjenengan saged kempal manunggal wonten papan mriki tanpa manggih pambengan setunggal punapa.Amin amin ya robbal ‘alaimin.

Para rawuh kakung miwah putri  ingkang kula hurmati, salajengipun kepareng atur priksa bilih  kula wani ngadeg lan sumela atur ing mriki minangka dhuta wacana utawi  sulih salira kadang kula Bapa……………..ingkang lenggah dedalem ing……………………RT…. RW…. Desa…………….Kecamatan………………..... Kabupaten……………………………………
kinen matur wonten ngarsa panjenengan Bapa…………………… mingangka dhuta wacana utawi  sulih salira  Bapa……………..ingkang lenggah dedalem ing……………………RT…. RW…. Desa…………….Kecamatan………………..... Kabupaten……………………………………
     Sambet kaliyan punika mila atur kula tumuju dhateng  Bapa………….( yang mewakili)
Bapa…….. (yang mewakili) ingkang  kula urmati, sepisan sowan kula sagotrah ngaturaken salam taklimipun Bapa…………………. Sakeluarga kanthi “Assala Mu’alaikum W.W”. dupi sampun katampi salam taklim  kadang kula Bapa…. kalawau, 
Kaping kalih hambok bilih sowan kula sakanca kirang nuju prana  utawi kirang trapsila, satemah  handadosaken  tan suka renaming penggalih penjengan sedaya, kula  nyuwun hagunging samadra pangaksama, Dene ndungkap kaping tiganipu  sowan kula sak pri kanca kapiji dening  kadang kula Bapa…………….. kinen mboyong penganten sarimbit  nun inggih Nak Mas Bagus……….  dalah garwa kinasihpun ing titi  kalenggahan dinten punika. Kanthi pangajab mugi sedaya samya manggih raharja. Amin amin yatobbal ‘alamin.
    
Para pepundhen sepuh dalah para rawuh ingkang dhahat kinurmat.
Makaten atur kula minangka sulih basanipun kadang kula Bapa……………………………..
Mila mbok bilih wonten kithaling atur  kula saking purawa madya wusana, saestu kula nyuwun agunging samodra pangaksama.Wusana Billahi taufik wal hidayah
Assalmu ‘alaikum W.W

Nuwun.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar