Selasa, 22 Maret 2011

NASKAH PANEMBRAMA

 
PANEMBRAMA( KINANTHI) MENGETI R.A KARTINI
KETAWANG KASATRIYAN SULENDRO PATHET SANGA
APRIL 2011
Naskah: SYUKUR, S.Pd

Umpak –umpak 1
Byar-byar lampune pating galebyar
Cahya damar sumunar akarya bingar
 Televisi radio lan layang kabar
 Aja nanar urip sarwa nganggo nalar

Cakepan 1.
Ngaturaken sugeng rawuh
Pra tamu kang lenggah sami
Atur pambagya rawuhnya
Mugia manggih basuki
Sekecakna lenggah ndika
Angresepi langen iki

   Umpak –umpak 2
    Wer-wer pit motor pating saliwer
    Dalan alus motor bagus mlayu banter
    Aja gugup alon bae bok sing bener
    Ngelingana kluwarga men ora buyer

Cakepan 2
Amengeti wiyosipun
Raden Ajeng Bu Kartini
Slikur April miyos ira
Ing Rembang  putri sejati
Nadyan piningit kang rama
Alelabuh mring pra putri


Umpak –umpak 3
    Dhung-dhung bedhug munya andharundhung
    Sing prayitna dimen padha ra   kesandhung
    Mula  kanca ayo padha metang -metung
    Nandur pohung ledhung- ledhung bisa untung
  
Cakepan 3
Jroning piningit dyah ayu
Darbe gegayuhan suci
Hanjunjung dhuwur wanita
Dimen darajating sami
Emansipasi kaloka
Dadi tuladhan sejati


     Umpak – umpak 4
     Ning –nong  saron peking demung kenong
     Kendhang bonang slenthem  kethuk kempul gong
     Karawitan langgam stambul lan keroncong
     Kabeh mau bisa gawe ati bombong
    

Cakepan 4
Minangka panutup atur
Darwis saking Winongsari
Nuwun agunging aksama
Kalepatan kula sami
Meminta sihing Jawata
Dimen sami manggya  mukti




Tidak ada komentar:

Posting Komentar