Selasa, 27 Maret 2012

Geguritan


RADEN AJENG KARTINI
Dening  Syukur Hadi Sutrisno

Kartini.......
Asmamu ngambar arum ngebeki jagad
Bebasan suket godhong  bae padha krungu
Padha nyebut asma penjenengan putri kang sejati
Mangambar asmamu  ora  marga panjenengan  iku trahing kusuma
Mangambar amarga lelabuhanmu marang sesama-samaning wanodya

Kartini
Ya saka labuh labetmu iku ….
Saiki wus akeh wanita sing bisa ngasta pusaraning praja
Saiki wus  akeh wanita sing bisa nggegana
Saiki akeh sipating wanita kang makarya kaya lumrahing priya
Sasat tan beda  priya lan wanita ing babagan pakaryan lan kalungguhan

Kartini
Nadyan penejenegan wus kondur ing ngarsaning  Pangeran
Asmamu tetep ngambar.......
Lan….Asmamu ora bakal katlindhes marang rodhaning jaman kemajuan
Kartini, Kartini.......oh…
Muga antuk nugrahaning Gusti
           
                                                                       Kaliwiro, 27 Maret 2012
 
JEPARA WOLULAS PITU SANGA

Dening  Syukur Hadi Sutrisno

Tengara bakal tumuruning kanugrahan wus cetha
Pratandha Jepara  bakal sumunar  cahyane wus ngegla
Angin sumridhit nggawa kabar gumbira
Pratela bakal mijil trahing kusuma kang  ginantha –gantha

Wolulas pitu sanga
Dina kaping selikur sasine  angka catur
Brol mijil saka guwa garba titahing Gusti asifat wanodya
Dah eba gumbiraning manah tan bisa  sinungging
Suka syukuring kulawarga tan bisa ginambar kehing aksara
Dene surya candra   cahyane prasasat  amung nyoroti Jepara
Jabang bayi kang   katemben mijil nuli pinaringan pusaka nama
Kartini  ngono sesebutane

Wolulas pitu sanga
Wiwit  iku  Jepara kontap ngumbara tekan manca
Wiwit iku  uga Walanda miris….
Kasunyatan jabang bayi kang miyos rikala iku
Dadi keblat tuladhaning  wanita sadonya

Wolulas pitu sanga
Selikur tanggale  April sasine
Dak tulis nganggo mangsi kencana







Kaliwiro, 28  Maret 2012


2 komentar:

  1. wah......ternyata pangripta geguritan harang to....ckckckckck......dalam usia segini karyanya luar biasa

    BalasHapus
    Balasan
    1. piye geguritane isa ngrasakake apa sing dak tulis mau

      Hapus