Rabu, 28 Maret 2012

Geguritan Memperingati RA Kartini


HABIS GELAP TERBITLAH TERANG
Dening  Syukur Hadi Sutrisno

Sang saya mangambar asmane Kartini
Yhang Widi ngersakake kudu mengkono
Udakara  sawindu kartini mbabadi arungkut ngobori apeteng
Kinarya sarana denya arep njungjung  dhuwur darajating wanita
Unggyaning pagulingan denya  ngrakit basa lan sastra
Rina kalawan wengi tansah nyadhong cucuk oboring lelakon

Nadyan piningit nanging  pagene bisa sesrawungan
Srawung karo sepadha - padhaning wanita saka manca
Bebasan banjir mangsi asarah dlancang
Tan kendhat denya ngupadi undhaking kawruh

Siji mbaka siji layang sinimpen rapi
Tan krasa dlancang nawala nglumpuk  wusana  dadi buku
Buku…iya buku..
Buku kang migunani kinarya dadi kali damaring urip
Kang karan "Habis Gelap Terbitlah Terang"


Kaliwiro, 28 Maret 2012

3 komentar:

  1. ꧎ꦏꦷꦁꦈꦶꦇꦐꦷꦅꦞꦎꦷꦃꦆꦚꦁꦿ ꧖ ꦅꦶꦺꦂꦻꦺꦃꦆꦧꦶ

    ꦈꦁꦷꦓꦷꦁꦿ꧋

    BalasHapus
  2. menawi aksara jawa salebeting komen punika boten ketingal mangga kula aturi pinarak tautan ngandhap punika :
    http://files.widyasena.webnode.com/200000197-8e44a8f3e8/Carakan-Anyar-Rev-01D.ttf

    BalasHapus