Jumat, 24 Januari 2014

CARA MAOS AKSARA SWARA "A"

CARA MAOS AKSARA SWARA "A"
Dening  SYUKUR, S.Pd

Aksara swara "A" saged dipun waos "A"  lan kados "O"
Kawaos "O" yen mapan wonten tembung tinarbuka /tanpa aksara sigeg
conto :
1.sapa
2.padha
3.dara
4.lara
5.Jawa
6.kana
7. duka (marah)
8.kara 
9.cara
10. dawa
Katrangan :
Yen klentu panyeratipun saged ewah maknannipun 
" cara" boten saged dipun serat "coro"  sabab cara tegesipun  bab ingkang kedah dipun tindakaken, yen coro punika nama kewan.
Kaping kalih  yen klentu panyeratipun saged ngicalaken makna.
kara boten saged kaserat koro sabab kara punika nama woh wohan dene koro boten wonten tegesipun


Tidak ada komentar:

Posting Komentar