Senin, 27 Desember 2010

CURUG WINONG

 
LEGENDA CURUG WINONG

Nara Sumber :  Sarto Pawiro
Kaserat dening Syukur Hadi Sutirsno
27 Desember 2010

      Anut kapitadosan warga masyarakat dhusun Temanggung Desa Winongsari Kecamatan Kaliwiro bilih curug Winong wonten ingkang hambau reksa asmanipun Eyang Kertasuta. Carios turun
tumurun kacariosaken bilih Eyang Kertasuta satunggaling piyantun ingkang sekti mandraguna asal saking dhukuh Winong. Nalika sugengipun  Kertasuta remen teteki utawi mara tapa wonten pertapan curug winong. Awit saking kasektenipun, Kertasuta  sinaraya dening warga Temanggung kinen ngampil gemelan kagunganipun lelembut ingkang  areraton ing “watu kelir”  sacelak curug Winong. Watu kelir punika sela ageng sak ngandhapipun curug Winong ujudipun sela panjang kadi kelir ringgit purwa. Sakiwa tengen sela wau wonten wit kados saka kelir.Wit kalawau sinebat wit “wunung” kalebet wit-witan langka.
 Watu Kelir  Curug Winong
     Kacarios kala rumiyin yen dhusun Temanggung pinuju  ngawontenaken wilujengan dusun lan nanggap seni tayub mesthi ngampil gamelan  saking watu kelir. Gamelan kala wau boten kasad mata  ewa semanten yen dipun tembung dening Eyang Kertasuta saged maujud kados limrahing gamelan  lan saged kaginakaken.
     Anut dongengipun Bapak Darsa Wikrama/Aliasma dhumateng  Bapak Dartono lan katerasaken dhateng  Bapak Sartopawiro, saben ari slasa Kliwon  utawi Jumuwah Kliwon warga dhusun Temanggung Winong lan sakupengipun layap-layap mireng swanten gamelan hanganyut-anyut kados wonten tetingalan ringgit purwa. Dene swanten gamelan kalawau asalipun saking watu kelir.
Salajengipun dipun cariosaken ugi bilih salah satunggal saking panayaga/niyaganipun asal saking  dhukuh Temanggung.
Sarto Pawiro( sesepuh dusun Temanggung Desa Winongsari)
Sambet kaliyan yaga ingkang saking Temanggung cariosipun makaten. Duking nguni wonten nem-neman  ingkang pakaryanipun angen mahesa. Nuju sawijining dinten kaneman kalawau angen mahesa kados adat saben. Rehning jawah  nem-neman wau ngiyub wonten gubug sacelak curug. Sadangunipun ngiyub nem-neman kalawau sinambi rengeng-rengeng nirokaken dhalang ngringgit lan ugi nirokkaen swanten gendhing gamelan ringgit. Boten karaos nem-neman kala wau anggenipun rengeng-rengeng ngantos mehsonten/surup surya. Sinareng badhe wangsul katerak banjir. Nadyan nem-neman wau  sampun hambudidaya amrih wilujeng saking  bebaya banjir sarana numpak mahesanipun kanthi cepengan buntut dumugi papan sacelak watu kelir, nanging anggenipun cepengan mrucut satemah nem-neman kala wau dhawah kelem wonten mriku. Midherek carios lare wau dados  panayaga ringgit wacucal watu kelir.
Kados ingkang sampun dipun cariosaken ing nginggil bilih gamelan watu kelir saged kaampil, nanging emanipun wonten tiyang ingkang jahil/methakil. Salah satunggal saking gamelan kala wau dipun clorengi enjet. Sasampunipun kadadosan punika gamelan watu kelir sampun boten saged kaampil malih. Kapara gamelan kala wau Silih pernah (pindhah) ing pareden Dieng (tlatah Kecamatan Kejajar). Punika  midherek wangsit ingkang katampi mbah Darsono saking dhukuh Winong.
                  curug Winong
    Wangsul dhateng  Eyang Kertasuta ingkang nganeh - anehi. Nalika semanten pinuju wayah sonten watawis  wanci tabuh 4  kaleres grimis. Kacarios Mbah Resa asal saking dhusun Winong  ingkang saweg  ngrampungaken pedamelan wonten sabin sacelak curug, dumadakan wonten tetiyang ingkang  nyaketi mbah Resa boten sanes inggih punika Eyang Kertasuta ingkang dhawuh dhumateng Mbah Resa supados kondur awit ing dhusun Winong wonten tiyang kathah ingkang sami ngempal. Pranyata ing papan mriku wonten tiyang ingkang seda. Sepinten kagetitpun mbah Resa dupi priksa layon ingkang saweg rinukti punika kunarpanipun Eyang Kerta suta ingkang ketemben manggihi Mbah Resa ing sabin. Kacarios Eyang Kertasuta mukswa saraganipun wonten sacaketipun curug Winong. Pramila kedadosan punika eyang Kertsuta dipun anggep ingkang hambaureksa curug Winong.
    Saterasipun Mbah Resa saturunipun kepareng dados juru Kunci curug Winong. Mekaten menggah wangsit ingkang tinanpi dening  mbah Resa saking eyang Kertasuta. Sakpunika ingkang piniji dados juru kuncining curug Winong  inggih punika Bapak Muhyadi (buyut)  mbah Resa.
    Kabudayan milujengi dhukuh utawi merdi dhusun  ing Temanggung Desa Winongsari Kecamatan Kaliwiro wiwit rumiyin dumugi ing jaman kemajengan sapunika kedah mawi joged tayub boten wani nanggap ringgit purwa. Awit sami pitados bilih yen nanggap ringgit anggenipun merdi dhusun badhe kasandhung ing bebaya/sambekala. Nanging yen paripaksa  ringgitan kedah dipun purwakani/wiwiti kanthi beksan Tayub.  Gendhing wajibipun”Kembang Alang-alang” dene awisanipun gendhing “Clunthang Gerong”.
    Makaten menggah carios turun-tumurun ingkang wonten sambetipun kalayan papan wisata Curug Winong.
Nuwun.
 LEGENDA CURUG WINONG
Nara Sumber :  Sarto Pawiro
oleh
Syukur Hadi Sutirsno
Menurut cerita  dari mulut kemulut dan atau kepercayaan orang dusun Temanggung Desa Winongsari Kecamatan  Kaliwiro Kabupaten Wonosobo bahwa  curug Winong ada yang menghuni namanya Eyang Kertasuta. Selanjutnya diceritakan bahwa Eyang Kertasuta adalah seorang yang mempunyai kesaktian. Dimasa hidupnya ia suka bertapa di pertapaan curug Winong. Karena kesaktiannya  beliau sering dimintai pertolongan oleh warga dusun Temanggung Winongsari untuk meminjam seperangkat gamelan milik makhluk halus yang berada di watu kelir. Watu kelir adalah batu besar  yang terletak di dekat curug berbentuk panjang dan lebar seperti kelir wayang kulit. Di kanan kiri batu itu ada pohon seperti tiang kelir ( kain rentang untuk pertunjukan wayang kulit) namanya  Wunung. Pohon ini termasuk tumbuhan langka.
 dari sini tinggal 50 meter
  Air curug bening (dari jembatan bambu)
 Tersedia tempat berteduh

Diceritakan pada zaman dahulu jika dusun Temanggung Winongsari mengadakan selamatan dusun disertai hiburan seni tayub pasti meminjam seperangkat gamelan misteri dari watu kelir itu. Gamelan itu tak tampak namun jika Eyang Kertasuta yang meminjam, konon gamelan itu tampak dan bisa digunakan sebagaimana gamelan biasa.
    Menurut cerita Bapak Darso Wikromo/Bapak Aliasmo yang diteruskan kepada Bapak Dartono dan kemudian diceritakan kembali kepada Bapak Sartopawiro menceritakan bahwa pada zaman dahulu jika malam selasa Kliwon dan malam Jum’at Kliwon orang – orang dusun Temanggung  sering mendengar sayup-sayup suara gamelan yang bersal dari watu kelir seperti ada pertunjukan wayang kulit. Dan konon salah satu penabuh gamelan berasal dari dusun Temanggung Winongsari. Sehubungan dengan penabuh yang bersal dari Temanggung kisanya adalah sebagai berikut.
     Ada seorang pemuda   pekerjaannya menggembala kerbau. Konon ketika ia tengah menggembala kerbau seperti biasanya tiba –tiba turun hujan. Kemudian ia berteduh di gubug dekat curug itu. Selama berteduh ia menghibur diri dengan cara bersenandung menirukan suara gamelan untuk pertunjukan wayang kulit dan juga menirukan dalang dalam mendalang (sulukan, antawecana, pocapan dsb).Tak terasa pemuda itu dalam bersenandung hingga sore hari menjelang surya tenggelam di ufuk barat. Ketika ia pulang terterjang banjir untuk menyelamatkan diri ia naik kerbau itu seraya berpegangan ekor kerbau. Walau dengan segala upaya  untuk mengantisipasi hal yang tak diinginkan menimpa pemuda itu namun suratan Tuhan mengatakan lain bahwa pemuda itu akhirnya  tenggelam hanyut ditelan ganasnya banjir. Atas kejadian itu orang Temanggung Winongsari percaya bahwa pemuda itu menjadi penghuni watu kelir dan menjadi penabuh gamelan misterius.
      Seperti yang telah diceritakan di atas bahwa  gamelan watu kelir bisa dipinjam dengan syarat tertentu. Selanjutnya diceritakan ketika gamelan itu sedang digunakan untuk pertunjukan ada salah seorang yang berwatak jahil hingga menodahi salah satu perangkat gamelan dengan “enjet”(batu kapur lembek).
tunggu...kelanjutanya.....

Tidak ada komentar:

Posting Komentar