Rabu, 09 Maret 2011

Materi Teks Berita Bahasa Jawa Kelas VIII (delapan)


TEKS  BERITA  KELUARGA DALAM BAHASA JAWA
Untuk kelas VIII  semester 1-2
SYUKUR
Standar Kompetensi :
Mampu mendengarkan dan memahami berbagai wacana lisan dalam berbagai ragam bahasa Jawa.
Kompetensi Dasar
2. Mendengarkan dan memahami isi berita berbahsa Jawa yang disiarkan melalui radio/TV atau hasil rekamannya.
Indikator
1.Menulis kembali pokok-pokok berita yang didengarkan.
2.Memberi tanggapan tentang isi berita yang didengar.
3.Mengajukan dan menjawab pertanyaan tentang isi berita.

Materi  : Teks Berita Bahasa Jawa
Langkah-langkah
  1. Menggali sumber berita (berita harus aktual) agar memperoleh data yang dibutuhkan antara lain :
a.       Asal sumber berita
b.      Nama dan alamat yang akan dituju dalam pemberitaan
c.       Isi pokok berita keluarga
-bagamana
-Siapa
-Kapan
-dimana
      2. Menyusun data a - c menjadi berita keluarga yang teriri dari
          a. Pengantar berita
          b. Pokok berita
          c. Harapan
          d. Penutup

Contoh data sumber berita

Dikirim oleh                :  Partono Larangan Kelurahan Kaliwiro
Ditujukan kepada        :  Sanak saudara dan handai tolan  di:
1.      Kelurahan  Kaliwiro Kecamatan Kaliwiro Kab Wonosobo
2.      Kemutug Desa Tirip Kec Wadaslintang Kab Wonosobo
3.      Desa Gembongan Kecamatan Sigaluh Kab Banjarnegara
4.      Di mana saja berada.
Isi Berita              : Telah meninggal dunia dengan tenang Nur Hikmah  Hari Selasa 8 Maret              2011 pukul 23.00 WIB di Rumah sakit Daerah Margono Sukaryo Purwokerto  karena sakit dalam usia 33 tahun.
                                      Jenazah akan di kebumikan hari Rabu 9 Maret 2011 pukul 10.00 WIB di pemakaman Larangan  Kelurahan  Kelurahan Kaliwiro.
Contoh Teks Berita Keluarga dalam Bahasa Jawa (Radio Manggala FM Kec Kaliwiro Kab Wonosobo).

Pengantar(boten kawaos)
Nuwun para miarsa wonten ing pundi papan panjenengan midhangetaken atur giaran punika, kepareng  sumela atur awit  badhe kula waosaken setunggaling  pawarta lelayu.

Pawarta lelayu punika kakintun dening Bapak Partono ingkang lenggah dedalem ing dusun Larangan Kelurahan Kaliwiro Kecamatan Kaliwiro Kabupaten Wonosobo.
Dene pawarta punika kabyawarakaken dhumateng sanak kadang ingkang dedalem ing tlatah
1.      Kelurahan  Kaliwiro Kecamatan Kaliwiro Kab Wonosobo
2.      Kemutug Desa Tirip Kec Wadaslintang Kab Wonosobo
3.      Desa Gembongan Kecamatan Sigaluh Kab Banjarnegara
4.      Utawi ing pundi papan penjenengan saged midhangetaken atur giaran punika.
Isining pawarta
Sampun murud ing kasedan jati nama pun Nur Hikmah binti Partono rikala ari Slasa surya kaping 8 Maret 2011 ing Rumah sakit Margono Sukaryo Purwokerto karana gerah. Rinancang layon kalawau  badhe kapetak ing sasana laya  dusun Larangan Kelurahan Kaliwiro Kec Kaliwiro dinten Rebo surya kaping 9 Maret 2011 wanci tabuh 10.00(sedasa) wekdal Nuswantara imbang pacima.

Sambet kalayan pawarta punika  dhumateng para miarsa ingkang kaleres midhangetaken lan priksa dateng kadang ingkang tinuju, kasuwun kanthi ikhlasing penggalih mugi  penjenengan kersa dumugekaken pawarta punika dhateng ingkang kawogan. Nuwun

Panutup(boten kawaos)
Makaten lan semanten pawarta lelayu ingkang saged kula aturaken. Kula sak pri kanca dherek bela sungkawa awit sedanipun Ibu Nur Hikmah. Akanthi  donga mugi arwah ingkang sampun sowan wonten pengayunan dalem Gusti Allah kapapanaken ing papan ingkang murwat kaliyan lelabetan. Nuwun.

Daftar Pustaka
Buku Renggeping Wicara ( IrWyoto,A.Md)
Teks Berita Radio Manggala FM
                                                               Duta Manggala

2 komentar:

  1. Date: 2010-08-23
    By: Dwi Agus
    Subject: Pados-pados
    pak kula pados materi bab tuladha musyawarah lan dialog wonten pundi nggih padose? Nuwun..

    Date: 2010-08-14
    By: aualia
    Subject: wawanrembug
    enten tuladha wawanrembug ?

    Date: 2010-06-17
    By: Sinarawedi
    Subject: Atur pisungsung
    Sakderma ngaturaken agenging panuwun. Menawi dipun keparengaken badhe nyuwun pirsa menapa wonten bentenipun antawisipun paribasan, bebasan lan saloka menika. Makaten kewala, minangka bebukaning sesambetan, nuwun.
    (niki sing mlebet ten web kula)

    BalasHapus
  2. ya Bapak tak nyoba gawe percakapan diskusi/setengah drama.cocok sing dikarepake oa

    BalasHapus