Sabtu, 28 Desember 2013

Sisipan Materi Siaran

SISIPAN MATERI SIARAN DICAMPURI RADIO MCA FM
Jumat, 26 Desember 2013
Materi              : aksara Swara “u”
Dening             : Duta Manggala/Syukur ,S.Pd

Aksara  “ u “   saged dipun waos  “u” utawi saged dipun waos kados “o”

A.Tuladha   “u” dipun waos  “u”
ndaru
wahyu
Banyu
madu
laru
garu
waru
garpu
kalbu
watu
jamu
kayu
Mlaku
klambu
sunu
sambu
jambu
wolu
ranu
panu
jalu

B. Tuladha ”u” dipun waos “o”
sunduk
Andhuk
manuk
kutuk
kutut
manggung
ngamuk
watuk
jaluk
ngantuk
umuk
muluk
bubur
sumur
dhuwur
subur
makmur
waluh
ngantuk
mathuk
tuwuk
bathuk
platuk
mlatuk
lsp

C. Dudutan  ( kesimpulan)
1. Akasara swara “u” kawaos “u” yen mapan wonten ing tembung tinarbuka/ boten  wonten aksara sigeg ing wanda pungkasan tembung  wau.
2. Aksara swara “u” kawaos  “o” yen  akasara   kalawau wau mapan ing tembung ingkang wonten aksaranipun sigeg

Keterangan
1.Yen klentu panyeratipun saged owah maknanipun.
 Tuladaha  :
    a. “ kabur “  kaserat “kabor”
          Kabur tegesipun mabur amarga katerak angin, nanging yen  “kabor” punika nama    gendhing Jawa kangge jejeran salebeting pagelaran ringgit purwagagarak Surakarta.
  
    b. “nuntun” kaserat “nonton”
          Nuntun tegesipun mrenahaken lare ingkang saweg gladhen mlampah
          Nonton  tegesipun ningali/mriksani stelengan /tontonan.
  
    c. “kapuk” kaserat “kapok “
          Kapuk nama wohwohan
          Kapok boten badhe ngambali malih nindakaken perkawis ingkang sampun katindakaken ing ngajeng.
          Upami : Aku kapok ora arep ngabotohan maneh amarga ngabotohan mau kejaba ora dikeparengake dening agama, uga ora  dikeparengake dening pamarintah, tur ta  ora ana jamak lumrahe wong ngabotohan iku marakake sugih.
                       
                       Aku kapok ora arep ngombe  umben umben sing agawe mendem sabab kejaba ora dikeparengake dening agama  umben  mau bisa ngrusak kasantosaning raga

                       Aku kapok ora arep korupsi awit korupsi kuwi bisa  gawe sengsarane liyan, lan bisa ngrusak kasantosaning Negara, sing luwih nggegirisi korupsi kuwi padha karo tidak durjono (maling) sing cetha ora dokeparengake dening agama.
 2.Yen klentu panyeratipun lajeng  ical maknanipun.
    Tuladha/conto
a.       Matur kaserat mator
b.      Kasur kaserat kasor
c.       Janur kaserat janor
d.      Sumur kaserat somor

    





SISIPAN MATERI SIARAN DICAMPURI RADIO MANGGALA CITRA ANGKASA
KEMIRIOMBO KALIWIRO WONOSOBO

AKSARA SWARA  “U”


































DENING DUTA MANGGALA

DESEMBER 2013

Tidak ada komentar:

Posting Komentar