Senin, 30 Desember 2013

UNGGAH -UNGGUH

UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA
Dening Duta Manggala

      Yen ngrembag bab unggah-ungguh kedah mangertos bab ngoko, madya, krama( krama andhap,Krama Inggil) lan netral. Kajawi punika mangertos ugi cakcakan nipun wonten ing pacelathon. Murih gamblangipun bab ing nginggil kala wau badhe karembag setunggal baka setunggal. Lan ing kalodhangan punika  badhe karembag bab ngoko.

     Ngoko inggih punika  dhasar sedaya leksikon ( kosa kata) madya , krama, krama andhap, krama inggil.(Poedjasoedarma, 1979:12). Leksikon ngoko saged dipun agem  tiang kapisan (orang pertama/ O1 ) tiang kaping kalih/O2) lan tiang kaping tiga ( orang ketiga/O3)
Tuladha:
1.Aku arep mangan pelem
2.Kowe arep mangan pelem
3.Dheweke arep mangan pelem

Tandha /tengara  ngoko inggih punika dipun  wuwuhi prefix (imbuhan  ngajeng) lan sufiks ( imbuhan wingking) di- e (ne) lan  -ake / - ake ( -kake)
 Tuladha:
1.Aku mau nalika ngadhepPak Tarya digeguyu uwong kuwi
2.Bojone Harni kuwi sing endi ?
3. Kowe kuwi pancen nganyelake tenan kok, Min

Angger -angger pamilihan  unggah- ungguh
 1.Sesambetan simetris – asimetris
     Winastan sesambetan simetris inggih punika sesambetan ingkang  jajar(sejajar) antawisipun setunggal kaliyan mitra wicaranipun (yuswanipiun, pakaryanipun  lsp). Lan basa ingkang kaginakaken ngoko
     Winastan sesambetan asimetris inggih punika seampbetan ingkang boten jajar (sejajar) antawisipunsetunggal dhateng mitra wicaranipun). Lan basa ingkang kagenakaken manca wani saged ngoko, utawi ngoko andhap( ngoko ingkang cinampue krama)

2. Akrap-boten akrap
   Sesambetan  O1  dhumateng O2 akrap  basa ingkang kaginakaken  ngoko utawi ngoko andhap
   Sesambetan O1 dhumateng O2  boten akarap basa ingkang kaginakaken krama

    





Tidak ada komentar:

Posting Komentar