Sabtu, 28 Desember 2013

Sisipan Materi Siaran

SISIPAN MATERI SIARAN DICAMPURI RADIO MCA FM
Kamis, 26 Desember 2013
Materi    aksara Swara “I”
Dening Duta Manggala
AKSARA “ I “   saged dipun waos  “I” utawi saged dipun waos “e”

A.Tuladha   “I” dipun waos  “i”
ari
Bali
Bumi
Dewi
ganti
Guci
Jawi
Kali
Kopi
Kuwali
Mari
Meri
Memedi
Nini
Niki
nabi
Pertiwi
Poci
siwi
Tari
Wani

B. Tuladha ”I” dipun waos “e”
Alit
Arit
Cantrik
Carik
Cipir
Demit
Jangkrik
jarit
Lurik
Mampir
Melik
Pabrik
Pamit
 Sithik
Senthir
Supir
Muntir
Dipuntir
Kuwatir
Salim
Taklim
Salin
Lilin
 Lsp

C. Dudutan  ( kesimpulan)
1.      Akasara swara “I” kawaos “I” yen mapan wonten ing tembung tinarbuka/ boten wonten aksara sigeg ing wanda pungkasan tembung  wau.
2.      Aksara swara “I” kawaos  “e” yen  akasara   kalawau wau mapan ing tembung ingkang wonten aksaranipun sigeg

Keterangan
1.Yen klentu panyeratipun saged owah maknanipun.
 Tuladaha  : resik  kaserat resek
                     Resik tegesipun resik tanpa wonten resekipun( bersih)
                     Resek tegesipun uwuh utawi kotoran
                     “ Bur” karserat “bor”
                     “Bur” seratanipun “b”,” u”,”r”  tegesipun piranti kangge mbolongi
                    “bor” seratanipun “B” ,”O”, “R” tegesipun  papan kangge nyerat
3.      Yen klentu panyeratipun saged ngicalaken makna/teges
      Getih kaserat geteh
      Mulih kaserat muleh
      Sugih kaserat sugeh

      Putih kaserat  puteh

Tidak ada komentar:

Posting Komentar